ARTIKEL BAHASA JAWA: Pengertian, Struktur, dan Jenis-Jenis
Ditulis oleh: Alvin Wildanul Fitroh
1) Pengertian Artikel
Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tartantu sing digawe kanggo disebarake lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapiturute. Penulisna artikel duweni tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta bisa ngyakinake lan nyenengake sing maca. Ing KBBI, Artikel yaiku karya tulis jangkep.
2) Struktur Artikel
Struktur artikel ana papat (4), yaiku:
(a) irah-irahan (judul)
(b) Pada Pambuka (Alinea Pambuka)
(c) Pada Panjelas (Alinea panjelas/batang tubuh), lan
(d) Pada Panutup (Alinea Panutup)
3) Jinis-Jinis Artikel
Jinis-Jinis Artikel ana 9, Yaiku:
(a) Artikel Ekspolaratif: Artikel kang nuduhake fakta miturut kajian panulisane.
(b) Artikel Eksplanatif: Artikel kang isine katrangan babagan sawijine perkara kanggo dimangerti sing maca.
(c) Artikel Dheskriptif: Artikel kang nggambarake babagan sawijine pokok perkara kang kedadean ing masyarakat. Saengga wong kang waca kaya weruh, ngerungokake lan ngarakake babagan kang ditulis.
(d) Artikel Prediktif: Artikel kang isine petungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kedadean miturut petungan penulis.
(e) Artikel Preskritif: Artikel jinis iki menelis tuntunan marang pamaos supaya ora keliru.
(f) Artikel Naratif: Artikel kang kanthi prasaji naratif bisa diarani cerita.
(g) Artikel Eksposisi: Artikel kang isine penjeletrehan babagan sawijining topik kanthi ancas menehi tambahan elmu kanggo wong kang maca.
(h) Artikel Argumentasi: Artikel kang nduwe ancas kanggo mbutekake kebeneran sawijining panyaruwe utawa bukti.
(i) Artikel Persuasi: Artikel kang ancase kanggo mbujuk wong kang maca kanggo nindakake sawijining prakarya.
(Sumber: Bpk. Munawir S.Pd, Guru Bahasa Jawa SMK N 06 JEMBER)
Komentar
Posting Komentar